TIDHEM ANGLELANGUT

asri rarasireng tanah jawi, yen cinandra kongsi kurang papan, saking kabekan manise, rinengga gunung-gunung, mangka pager kang nyantosani, kebak isi sawangan kang nenuntun trenyuh, tamaweng ing ima manda datan pae kadi tataning kekasih ngrengga ing kasulistyan.

yen rinasa rinaras sayekti, datan kudu ngaduki pangrengga, wus gumelar sanyatane, arga kang riyu-riyu lir sinungging apulas wilis, maweh sreping sawangan kang tumanem anrus nuntuni ring katentreman umanggon ing unggyan kang sepi mranani rasaning kaenengan.

saselaning wukir kang mageri katon sari talaga malela, kang awening kabekan we, sengsemira kalangkung, yayah ngelem angganing wukir, kang ngungak ing padesan, kadi pindhanipun, tanduk ardaning kamurkan, kawisesa dening tentreming kajatin, tan ana kara-kara.

kekayon kang tepi ngayomi lir rumeksa kayuwanira, ywa ana kang salah gawe, saliring tanduk luput yeku srenging roseng maruti, tinampa kasantosan ambrastha swuh sumawur, cabaring kawasanira, temah tuwuh dadya angin kang ngisisi wrata satebanira.

hyang surya kang nguwasani ari, tan kawawa nrapaken dayanira, panas luluh tanpa gawe mung ngadhemi pakantuk, sesulaking padhang mranani lir padhanging supenan, tidhem anglelangut kahanan ingkang mangkono, mung pakantuk nuwuhaken eninging ati marang kasadanira.

yen mangkono sanyata hyang luwih denya mandhum mareming pangrasa, datan mawa pilih nggone, samarira ing semu, janma datan bangkit ngecupi tanapi ngukur marang panguwasanipun, dene tumanduking sedya sanggyeng janma kanthi tata nalateni mrih kasembadanira.