para dewa, begawan, satriya, dhanyang, buto caringis, gandaruwo, lsp. ingkang saweg ndungkap sangajengipun pesbuk punika, ginelaran dening babut kuning sinulam sawarnaning sesekaran arum angambar-ambar:

nuwun hawiyosipun,
tinimbang ngetipleng tanpa gunem, sapunika kula dak crita, sak crit tapi nyata, kados ing ngandhap punika:

nuju satunggaling dalu wonten tiyang mertamu. sasampunipun nepangaken, tiyang wau lajeng cariyos, “mas, sowan kula mriki punika badhe nyuwun seserepan bab dedongengan ingkang kula nate mireng wonten ing satunggaling padhepokan ulah kabatosan. suraosipun dongeng makaten: satunggaling nagari mbawahaken dhusun pinten-pinten atus. lurah dhusunipun kenging kaperang dados tigang golongan…”

perangan kapisan, lurah kebangeten, inggih para lurah ing dhusun-dhusun ingkang papanipun tebih sanget saking kitha praja. saking tebihipun saking kitha praja ngantos sawatawis wonten para lurah ingkang boten mangertos babarpisan bilih dhusunipun punika dados bawahanipun satunggaling kraton ageng kaereh ing ratu ingkang adil ambeg paramarta. mila lurah dhusun wau sanget anggenipun kumaluhur, rumaos kuwaos, nggega kajengipun piyambak, boten pisan-pisan purun ngrembag kawilujenganipun tiyang alit bawahanipun, modyar ya ben.

perangan kaping alih, lurah pekok, inggih punika para lurah ing dhusun-dhusun sapinggiring kitha praja ingkang sampun sami radi ngertos dhateng jejibahanipun. saben dinten tansah ngluhuraken asmaning ratu gustinipun. sadaya dhawuhing ratu gustinipun, tanpa dipunpenggalih rumiyin, lajeng dipuntindakaken kemawon ngantos trekadhang saged dumados benceng ceweng cengkah kaliyan suraosing dhawuh wau. lha rak kojur tenan ta yen mung rubuh-rubuh gedhang. para lurah wau sejatosipun inggih sampun mangertos bilih dhusunipun kebawah ing ratunipun, hananging meksa taksih kathah ingkang boten sumerab wonten ing pundi kedhatonipun lan kados pundi wangunipun.

perangan kaping tiga, lurah pinunjul, inggih punika para lurah ing dhusun-dhusun salebeting kitha praja. lurahipun sami pinter, sesrawungan kaliyan para narapraja raket, malah wonten lurah ingkang sampun kacelak ing ngarsa dalem sang ratu, tuwin kaluberan panguwaosipun ratu punika.

dene para lurah ingkang kalebet perangan kapisan punika sadaya sampun sami kaparingan wewaler sepinten dangunipun dados lurah, manawi sampun dumugi ing wanci kedah sowan ing ngarsa dalem.

kacariyos lurah-lurah wau sareng sampun dumugi ing wanci boten kenging nyang-nyangan kangsenan malih, kedah bidhal ing wanci ingkang sampun kapiji. kamangka sampun malih papan padununganipun ratu, marginipun dhateng kedhaton kemawon dereng sumerab, kebangeten ta? mila satemah lajeng ngawur, punapa utawi sinten kemawon ingkang karaos utawi kaanggep dados ratu gustinipun, punika lajeng kasembah-sembah. makaten lajeng klambrangan boten ngertos wonten ing pundi padununganipun piyambak punika.

lurah-lurah ingkang klebet perangan angka kalih wau, kacariyos sareng dumugi wancinipun sowan, saperangan ageng sami rumaos awrat nilar bale-griyanipun tuwin kadang warganipun, mila bidhalipun tansah dipunendhe-endhe. makaten jalaran nalika semanten saweg ngertos, bilih margi ingkang badhe dipunlangkungi punika rungsit sanget, wasana lajeng namung narimah sadumuginipun kemawon [dumugi ing pundi kemawon narimah].

lurah golongan ingkang angka tiga boten perlu kaparingan penget, wanci ingkang sampun katemtokaken sampun sumerab, semanten ugi margi ingkang anjog dhateng kedhaton inggih sampun apal karana sampun asring dipunlangkungi. srawungipun kaliyan para narapraja sampun raket, mila boten mawi ewed-pakewed manawi pinuju wancinipun sowan ing abyantara nata.

makaten ringkesaning dongeng wau. lha sapunika manawi dipungagas, you pasti tanya, “mas suryo, dongeng makaten kok lajeng dipungolonganken dhateng kawruh kabatosan, punika terangipun kados pundi?”

pancen leres manawi dongeng wau kalebet wonten ing kawruh kabatosan, awit dongeng makaten wau mahyakaken kawontenan tumitah ing ngracapada mriki.

lurah golongan kapisan wau nggambaraken wong urip sing mung trima urip bae, boten gadhah pikiran punapa-punapa salintunipun mangan, turu, lan cumbana. manawi sampun dumugi wancinipun kapundhut dening ingkang murbeng gesang, lajeng suksmanipun nunjang palang boten karuwan paranipun, bebasanipun lir kinjeng tanpa soca.

lurah-lurah perangan ingkang kaping kalih punika radi lumayan, nanging inggih taksih kathah ingkang klentu jalaran saking kirang pramananipun, dereng estu-estu mangertos lan sumerab. leres margi ingkang dipunlangkungi pancen sae, rata tur aspalan kelas siji, nanging sayegtosipun margi wau boten anjog utawi tumuju dhateng kedhaton. asmaning ratu gustinipun sampun dipunsumerabi, saben dinten dibengoki, nanging sejatosipun lurah-lurah perangan kaping kalih punika dereng mangertos dhateng ingkang dipunsembah-sembah wau. makaten wau, manawi piyambakipun sampun saged dumugi alun-alun kedhaton kemawon sampun kelebet beja.

para lurah ingkang klebet golongan kaping tiga dados pralambangipun tiyang-tiyang ingkang sampun mumpuni, wis bisa njumbuhake kawula-gusti, sampun boten kewran ing agal alus. malah tiyang wau sampun saged mangertosi wancinipun bidhal dhateng kasidan jati (alam kalanggengan). mila samubarangipun sampun sarwa-sarwi cumawis saderengipun bidhal. nalika sampun wancinipun dipunsumarekaken, pasuryanipun katingal mesem, mratandhani manawi sampun boten wonten malih ingkang dipunwas-sumelangaken, jeneng wis katrima lakune.

dedongengan ing kina pipiradanipun kasunyatan kados ing inggil punika wau mengku suraos ngupadi sanguning pejah sarana anebihi tumindak ingkang mbadal saking pusering bebener, kalis ing sambikala. apa ta manungsa kuwi? kajaba kumpulaning balung-balung kang tanpa aji. mung janma limpat seprapat tamat.