pamilihing saha pangrakiting tembung-tembung ingkang limrah kasrambah ing paguneman padintenan, punika saged mujudaken pirantos ingkang dados wigatining wigatos ingkang keplok kaliyan wataking satunggaling bangsa.

basa punika babaring rasa. kanthi nggagapi tembung-tembungipun, kita lajeng saged ungak-ungak wedharing rasa-pangrasa, gagasan, punapa dene kekajenganipun ingkang darbe basa.

bangsa nuer ingkang ngulandara ing wewengkon negari sudan sisih ler, punika sugih tetembungan ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan sapi. cacahipun tembung-tembung wau ngantos watawis 400-an tembung. tumraping bangsa nuer, sapi punika minangka sakaguru gesangipun. saking tresnane marang sapi ngantos anak putunipun dipun paringi tetenger nami ingkang sami kaliyan sapi ingon-ingonipun.

makaten ugi bangsa inuit (eskimo), ingkang saben dinten gesangipun boten saged uwal saking gupak salju, sugih tembung-tembung kangge mahyakaken salju. nyuwun pangapunten, ngantos salang tunjang kula taksih boten kemutan leresipun pinten cacahing tembung-tembung wau, udakawis 22-an mbokmanawi.

manawi panjenengan pinuju tindak new york, tamtu panjenengan badhe asring mirengaken tembung-tembung kadosta:
“dough”, “greenback”, “dust”, “loot”, “cash”, “bucks”, “change”, lan “bread”, ingkang tembung jawinipun namung satunggal, inggih punika “dhuwit”. tembung-tembung wau mratelakaken punapa ingkang dados wigatining wigatos tumrap lampah jantraning bangsa kapitalis amerika, boten sanes inggih punika “money”. amila boten nama aeng manawi pinanggih sesanti cetha wela-wela kaserat ing salumahing dluwang ijo “in dollar we trust”, maksud kula “in god we trust” (marang gusti kita percaya).

tiyang jawi ingkang cikal bakalipun taberi olah tetanen sugih tetembungan kadosta:
pari, gabah, beras, katul, elas, sega, ketan, bubur, menir, upa, karak, lan intip, ingkang basa inggerisipun namung satunggal “rice”. amila kedah dipun jlentrehaken rumiyin manawi badhe atur katrangan satunggal-satunggalipun: “sticky rice” (ketan), “rice in its husk” (gabah), “rice plant” (pari), “cooked rice” (sega), lsp.

kosokwangsulipun, bangsa inggeris ingkang remen wuru getih ngamuk punggung ing paprangan yen perlu gari mulih mung aran, punika sugih tetembungan ingkang sarwa-sarwi nggegirisi, ingkang raket keket supeket cathok gawelipun kaliyan perang. sanadyan boten saweg pinuju dhor-dhoran gelar yuda supit urang mawi tameng gendera pbb punapa dene pasukan koalisi, tetembungan kados kaserat ing ngandhap punika gampil pinanggih kaginakaken ing paguneman padintenan ing antawisipun tetiyang abasa inggeris, kadosta:
“conquering” space, “fighting” the “battle” of the budget, carrying out a “war” on poverty, making a “killing” on the stockmarket, “shooting down” an argument, the oil price has skyrocketed, “booming” economy, “bombing” an exam, lan sapanunggalanipun.

pikir punika saged dipunwadhahaken wonten ing basa. dados basa punika saged dados pirantosipun pikir. manawi tembung-tembung wau lajeng kajarwakaken kanthi walaka, punapa punika boten ateges impor pola pikir saha rasa-pangrasa manca, ingkang tundhonipun mangke saged dados pakulinan ngantos anjlog rumesep ing watakipun bangsa kita?

kapara malah sae, mbokmanawi, manawi rasa-pangrasa lan pamikiranipun wau saged timbang lan laras kaliyan bebudenipun bangsa kita, nanging manawi kosokwangsulipun? lajeng kados pundi anggen kita badhe saged amilah-milahaken pundi ingkang becik lan pundi ingkang ala manawi kita piyambak boten utawi dereng wanuh saestu kaliyan gadhahan kita piyambak?

menggahing janma manungsa, inggih pirantos wujud rasa lan pikir punika ingkang dados wigatining wigatos tumrap tiyang gesang bebrayan. majeng munduripun lampahing bangsa punika gumantung saking daya pakartining rasa lan pikir. sepele-sepelenan kemawon, apesipun njalari andadosaken kauntungan negari sanes anggenipun nyade barang-barangipun dhateng bangsa kita sangsaya laris manis, anambahi awak lemu glinuk-glinuk pasuryan sumringah bingar sinawung suka ing wardaya, kados mbakyu hughes.

punika saweg alit-alitan. ingkang langkung ageng malih, moril kita punika kajajah boten kraos. nanceping raos ingkang rumasuk lumantar daya prebawanipun basa punika sok boten kraos. blegere wong jawa, ning yen rasa-pangrasane dudu, kuwi jenenge ndhagel sing marakake wong liya ngguyu kapingkel-pingkel.