Ing jagad pakeliran wong manca kuwi sinebut wong sabrang sing momong jenenge Togog, wayang sing cangkeme njebret merga kakehan mangan lan omong.

Jawa = ja + wa = Jumeneng Wasesa……….. Jawa = nguja hawa, dadi wong Jawa kuwi menawa pengin mangerteni sapa kang jumeneng ing sajroning uripe, kudu bisa meper hardhaning kanepson /hawane dhewe, ya kang mangkene iki perangan sathithik ngelmune wong Jawa kang tulen tanpa tulis durung kecampuran budaya manca.