Sadumuk bathuk sanyari bumi, sebaya mukti sebaya mati. Wong kang wus andum lana ing pamarsudining mring nusa lan bangsa,kang banget anggonnya mikul dhuwur mendem jero ananing tinggalaning para luhur kang misuwur Nusa Jawa, kang tansah hamemayu hayuning bawana mrih kertaraharja nusa lan bangsane. Ananging kang kaya mangkene iki wus luntur amerga wus padha ngugemi anane basa lan budaya manca kang den anggep dadi pandoming kautaman.

Nusa lan bangsa kang mardhika iku tansah katon ciri wancine, sing ora liya tansah nguri-uri lan ngugemi budayane dhewe lan ngugemi wewarah luhur kang tansah ngluhurake marang kautamaning hurip, tresna tinresnan guyup rukun bebarengan netepi dharmaning hurip ing madyaning bebrayan kang agung ing jagad gumelar.

Ananing swarga lan neraka iku minangka pepeling marang kawula supaya tansah eling anggone ngabekti nyang ngarsane Gusti Hyang Maha Agung ananging anane swarga lan neraka ing jaman saiki wus padha diplencengake dadi alat kanggo iming-iming glembuk kang rumanis sarta dadi sarana kanggo gawe mirising ati meden-medeni, ing pangajab supaya padha atut runtut apa kang dadi kekarepane pawong kang nduweni pamrih lan melik.

Marsudia marang ngelmu kang bening, mengku teges dudu ngelmu putih utawa ireng. Hakekate putih lan ireng iku ing sayektine padha, amung beda warna lan ukarane. Iki peling marang para kawula kabeh ing salumahing bumi, rasanen kang kanthi wening nganti tumus/tembus ing ati sanubari, Pilah-pilahen pasti bakal tinemu. Sing sapa temen bakal tinemu.