Saben tiyang tamtu saged ngraosaken bilih akunipun ana. Boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang cariyos aku ora ana. Manawi aku ana lajeng dianggep ora ana, punika saged damel boten renaning manah amargi ana kaanggep ora ana punika sami kaliyan ora nguwongna aku. Sadaya mesti kraos ana. Sami kaliyan kraos silir-silir, punika tegesipun sumerab manawi wonten angin, sanadyan angin boten katingal ing mripat. Dados aku ana punika sami kaliyan aku weruh. Weruh manawi akunipun ana. Lha aku punika ingkang pundi?

Pancen, rasa aku punika manawi boten dipuntaliti, boten dipunpadosi, boten dipunudi, utawi boten dipuntalusur, katingalipun jeplek kemawon. Mangga sinten ingkang rumaos akunipun boten wonten? mongsa wontena. Saben tiyang mesthi ngaken aku ana. Sangsaya manawi pinuju duka, “Sapa sing kandha aku ora ana?” Malah manawi nuju sesumbar ngedap-ngedapi sanget, “Eee aja pisan-pisan njarak aku lho ya. Sembrana, sida dak tendhang sikil kiwa klakon modyar tenan, wong aku je!” Malah sok wonten ingkang dhagelan, “Hara apa ana wong kaya aku? Hla nek ana ya dudu aku.”  Manawi para maos kirang pitados, mangga dipun rembag, mangke manawi dipun padosi, rasa aku punika punika rak mubeng muntir, mulur mungkret, sok ugi malah ruwet ngungkuli rambut pliket kutahan dhawet. Cobi kula damel upami:

Wonten tiyang ngucap makaten:
“Weee …saumpama tanganku ora disaut karo kancaku, aku dhek wingi kae ana Parangtritis sida mati kleleb tenan. Lha ombake bareng tekan tengah giedhi banget, gek aku ya ora sepiroa pinter nglangi. Wah …sujokna aku ketulungan.” Tembung ‘aku mati kleleb’, aku ing ngriku genah yen badhanipun, awit ingkang saged pejah kleleb punika badhan.

Wonten malih ingkang cariyos:
“Wah … lha yen mung nyumbang slawe ewu rupiah aku isin, wong dheweke kuwi mbiyen nalika aku dadi manten ngamplopi aku seket ewu je!” Tembung ‘aku isin’, aku ing ngriku ateges raos pangraos, awit ingkang gadhah raos isin punika limrahipun raos pangraos.

Lajeng wonten malih tiyang criyos makaten [ungelipun nyrempet pethikan serat Kalatidha]:
“Amenangi jaman repotnasi [reformasi], gampang banget gawe pepati. Aku jan judheg tenan. Para elit politik  saiki lambene kok sokur njeplak tur gandane badheg kaya tikus bosok, omongane rujak sentul, bar kandha ngalor sesuke jare ngidul. Sing bener ki sing endi?” Tembung ‘aku judheg’, aku ing ngriku ateges pamikiran, jalaran tiyang punika manawi judheg, ingkang judheg pamikiranipun, dede padharanipun.

Tuladha tigang warni ing ngajeng wau, punika mratelakaken rasa aku tansah gonta-ganti solan-salin, pangakenipun sakawit badhanipun [‘aku mati kleleb’], lajeng salin ngaken raos pangraosipun [‘aku isin’], lajeng salin ngaken pamikiranipun [‘aku judheg’].

Malih, wonten tiyang cariyos:
“Yen saka pamikiranku, prayogane kudu ditemoni dhewe utawi: Rehning awakku masuk angin, mula nyuwun pamit ora bisa jagong.” Tembung pamikirku, tuwin tembung awakku, punika kalih tembung, pamikir + aku lan awak + aku. Sami kemawon kaliyan tembung omahku, punika rak saking omah + aku, utawi gadhah teges omah duwek aku, omah duwekku. Yen makaten pamikirku, awakku, inggih ateges pamikir duwek aku utawi awak duwek aku.

Hla manawi makaten, aku punika dede pamikir, dede awak, inggih dede raos pangraos, nanging malah ndaku, pamikir duwek aku, awak duwek aku.

Ing ngriki cetha bilih si rasa aku madeg piyambak, bawa piyambak, dede pamikir, dede pangraos lan dede badhan. Lho lha yen bawa piyambak, adeg piyambak, aku punika lajeng ingkang pundi? Lha rak ruwet ta? Pancen janji dipuntalusur, inggih makaten punika. Nanging sanadyan ruwet, ambak-ambak inggih wonten tembung ingkang kenging kangge nggrayang si aku, inggih punika: aku iki wose dudu kowe. Lho ngaten kemawon rumiyin. Lha witikna kados pundi, wong sanesipun punika pancen awrat ngaten. Lha ya kepriben?

Rembag bab aku dipundhep rumiyin, samangke gentos bab:

Sang Pribadi
Wah ning punika sangsaya angel. Haning inggih angela kados punapa, lah tiyang namung badhe ngrembab kemawon kok ajrih, kamangka boten wonten wisanipun, kojur-kojuripun rak namung klentu utawi lepat, mangka tiyang punika klenta-klentu rak sampun damelipun, mila cobi dipunwiwiti, dipunrembag.

Pribadi punika genah yen boten katingal, kok badhe dipunrembag, harak prasasat badhe ngrembag langit. Aluwung langit taksih katingal sumeblak biru maya rinengga grembel-grembeling mega putih memplak. Sareng jiwa, sang urip, sang nyawa, sang suksma inggih sang pribadi punika genah babarpisan pancadriya boten sumerab. Lha manawi dipunpirsani mawi raos pangraos, pancen sang jiwa, sang nyawa, inggih si urip punika wonten. Tiyang paseksenipun cetha, upaminipun: tiyang punika nalika taksih pinanjingan nyawa, saged mobah mosik, saged nangis guyu, saged manembah, ning nggih saged main forex, tangkas, saged ngombe ciu barang. Kosokwangsulipun manawi sampun koncatan nyawa, lajeng boten ebah, lajeng bosok, dipunnamekaken pejah.

Sapunika wonten pepindhan: ingkang nyawang lan ingkang dipunsawang. Ukara kalih punika wonten tembung jejer [subjek] lan lesan [objek]. Ingkang dados jejer si weruh, lesanipun sing diweruhi, utawi jejeripun sing nyawang, lesanipun sing disawang.  Upaminipun ukara “Aku weruh omah”, punika jejeripun aku, lesanipun omah, inggih punika barang ingkang dipun weruhi. Manawi tiyang cariyos aku weruh omah, punika tiyang rak saged mastani utawi saged netepaken yen omah ki ana, buktine yen ana … lha aku weruh!

Samangke yen wonten tiyang cariyos “Aku iki ana”, punika anane rak wonten ingkang weruh. Kula damel upami: “Penguin iki ana”, punika ananipun rak ana sing weruh. Ingkang weruh sinten? Ingkang weruh: aku. Lha samangke yen aku iki ana, mesthinipun ananipun rak wonten ingkang weruh yen aku ana, punika mesthi ana. Yen makaten ing riku, aku dados barang ingkang diweruhi, utawi barang ingkang dipun sawang [lesan/objek]. Lajeng ingkang weruh [jejer utawi subjekipun], ingkang dados tukang nyawang lan weruh yen aku ana, punika sinten?

Aku punika minangka badhanipun, sarana panca indriyanipun saged meruhi, saged nyawang, saged ngraosaken dhateng jagad gumelar, alam cakrawala sak isinipun, sak mobah mosikipun. Dene Sang Pribadi inggih sang Jiwa, inggih Si Urip punika sarana Pribadinipun, saged meruhi saged nguningani, saged nyawang dhateng aku, sak krejetipun, sak mobah mosikipun.

Dados cethanipun: Aku sarana pirantosipun, wadhahipun, inggih punika badhan sak pancadriyanipun saged mastani saged nyawang saged ngraosaken gumelaring jagad sak isinipun, sak mobah mosikipun. Dene sang Pribadi, sang Jiwa, sang Urip, sang Nyawa, minangka isinipun wadhah wau, sarana pribadinipun saged meruhi, saged nguningani, saged nyawang dhateng aku sak mobah mosikipun, sak krejetipun.

Samangke saged ugi wonten pitakenan makaten: “Rasa aku ana, sak mobah mosikipun, sak krejetipun, punika punapa anggenipun krasa ana boten saking pancen rasa ana piyambak?” Dados mboten ndadak dipun weruhi utawi dipun uningani.

Wangsulanipun: pancen, nalika aku melek utawi boten tilem, kala-kala mobah mosik punika pancen kraos ana, punika inggih krasa ana piyambak, anggenipun mobah mosik inggih krasa mobah mosik piyambak. Nanging nalika aku menika tilem kepati, ingkang mboten ngimpi, punapa aku krasa ana lan krasa mobah mosik? Mangka tiyang punika nalika tilem kepati, ingkang mboten ngimpi, mboten rumaos ana lan mboten rumaos mobah mosik, mboten ngertos punapa-punapa, teksih wonten ingkang ana lan mobah mosik, lan ngertos punapa-punapa. Samangke pitakenipun manawi wonten buktinipun?

Aku punika ananipun, sak mobah mosikipun, sak krejotipun, dipun weruhi, dipun wuningani ing salebeting melek lan ing salebeting tilem. Nalika panjenengan sare lan nyupena, cobi kula aturi ngemataken, kajawi jengandika ngalami panandhang lelampahan salebeting supena, yektosipun jengandika saged nyawang sarira jengandika piyambak wonten ing salebeting pasupenan wau kados nyawang dhateng lalampahipun sanes, kados nyawang badhanipun sanes.

Upami jengandika mimpi mabur [fly], kajawi jengandika rumaos kumleyang inggih saged nyawang dhateng wujudipun sarira jengandika nalika mabur kumleyang sasampunipun nenggak pil koplo. Manawi jengandika supena dipun bebujeng ninja jawa sorbanan mbeta klewang tajem mingis-mingis, jengandika lajeng ndhelik rumaos sampun primpen tur rapet. Anehipun jengandika inggih saged wuninga anggenipun sarira jengandika ndhelik ndhepis, kados ningali dhateng polahing sanes, lan ‘lucunipun’ inggih saged sumereb dhateng polahing gerombolan sato kewan wujud manungsa wau anggenipun madosi jengandika.

Kawontenan lan raos makaten wau, kita saged netepaken, nalika rasa aku nandhang lalampahan ing salebeting pangimpen, wonten pihak katelu ingkang nguningani, ingkang nyawang. Dados cethanipun, nalika aku ngalami lalampahan salebeting pangimpen, wonten ingkang nguningani, sami kemawon kados nalika aku ngalami lalampahan salebeting melek.

Tiyang supena, punika tiyang ngalami lelampahan wonten ing ngalam sanes, inggih rumaos ngangge badhan, nanging inggih dede badhan ingkang dipun angge padintenan punika. Dimakipun utawi utekipun tiyang tilem punika kendel mboten makarti. Hewadene sareng satangining tilem, saged ngenget-enget ngantos cetha gambaran lelampahan salebeting tilem. Lha punika satunggiling tandha saksi bilih nalika tiyang wau tilem lan nandhang lelampahan wonten ingkang nguningani.

Samangke bukti salebeting wungu. Cobi ngenget-engeta gegambaraning lelampahan jengandika ingkang sampun kapengker, upami nalika dharmawisata tindhak Tawangmangu nitih bis saking terminal Tirtanadi, Sala. Samangke dadosing gambaran wonten ing pamikir tamtu kados nyawang dhateng polahing sanes.

Nalika jengandika tindhak Tawangmangu rak lenggah wonten ing lebet bis. Kenging punapa gagambaraning gegantan samangke jengandika lajeng kados nyawang dhateng tiyang sanes, inggih punika nyawang gegambaraning penumpang bis samanten kathahe klebet jengandika piyambak wonten ing salebeting bis ingkang lumampah medal margi minggah mandhap?

Dados rasa aku punika ing salebeting tilem, nyupena punapa mboten nyupena, punapa melek, sak mobah mosikipun wonten ingkang wuningani, ana sing meruhi.

Tandha seksi kadibyaning Pribadi: manawi kula nuju manggih nalar ingkang ruwet, judheg kados tiyang lumampah ingkang sampun kepepetan margi, rumaos pamikir kula sampun mboten saged malih ngudhari, nalar wau lajeng kula selehaken ngantos saged kasupen. Manawi sampun saged kasupen, satunggiling dalu manawi kula badhe mapan tilem [adat ingkang sampun], satangi kula lajeng manggih jawabanipun [pepadhang] kangge ngudhari pepeting ingkang ruwet wau.

Tuladha ing inggil wau punika mratelakaken bilih tiyang ingkang nuju kapetengan manah, nuju kepepet satunggiling nalar ruwet, kasulitan satunggiling lelampahan saged angsal wewengan papadhang saking ingkang nguningani, boten sanes inggih punika Sang Pribadi, Si Urip, Sang Jiwa, Sang Suksma.

Tiyang manacak samadi, manekung, manembah,sembahyang, sholat , punika wosipun mboten sanes anggenipun badhe nyelehaken rasa aku. Manawi rasa aku sampun saged dipun selehaken, tiyang lajeng saged ngancik wonten ing raosing Pribadi.

It’s really important to set the mind at rest. When you set the mind at rest, you set the body at rest. Mind and body are one.