Mbokmanawi sampun dados wewataking manungsa, manawi dereng wonten lelampahan ingkang sangsara, limrahipun dereng kraos klentu, lan sok ugi dereng wonten krenteg gumregah badhe andadosi sababipun nandang papa cintraka wau. Dados nedhah-nedhahaken kasangsaran, ngertos-ngertosaken dhateng risaking kawontenan, bibrahing tatanan ingkang tundhonipun damel kapitunanan dhateng asanes, punika perlu supados bebrayan umum saged tumut ngraosaken lelampahan ingkang sinandang.

Manawi sampun saged kraos, yakin yen sangsara, limrahipun lajeng gampil dipunajak mikir punapa sababipun lan kados pundi anggen kita saged ngrungkeb ingkang dados gedibaling ontran-ontran, rengka rekasaning laku, rungsit gawating gesang ing ngalam donya punika. Sadaya kadadosan punika rak mesthi wonten sabab-musababipun, pramila punika manawi kita badhe ngundhuh woh ingkang miraos, inggih lajeng perlu ngengeti damel wiji utawi sabab ingkang saged nguwoh miraos. Ing ngandhap punika minangka tuladhanipun, sumangga dipunlajengaken anggenipun nyemak.

Kamajengan ing Amerika kasil andadosaken cingaking tiyang ‘Ameriki’. Tiyang sajagad ugi sami kagawokan nyawang kawontenan ing rika. Pantes manawi Amerika lajeng kapiji dados sekaring jagad, amila kathah pawongan ingkang lajeng sami ngangsu kaweruh mriku, kalebet kula piyambak mataun-taun nyantrik ing rika, ngantos gabagen gudhigen korengen caplaken.

Kaweruh olah praja [politik], kaweruh olah kaprajuritan [militer], bebakulan [bisnis], tetanen [agrikultur], yeyasan [arsitektur], manawi tuking kaweruh punika wau  saking Amerika temahan badhe kaanggep sarwa linangkung saestu, dening sawatawis tiyang. Lampahing “kamajengan” [mawi tandha petik] mliginipun ing babagan olah cara [teknologi] pancen rikat sanget bebasan nginanga durung abang, idu durung asat, jleg sampun dumugi pucuk.

Dalah tetiyang ingkang sami kagawokan nyawang kamajengan saking wewengkon sabrang kilen punika, lagu lagehanipun inggih lajeng ketularan nyengkok ndara tuwan landa, latah niru-niru njur dadi kemlanda. Inggih punika cara-caranipun anggenipun gesang, tedha lan sandhang panganggonipun, tuwin tandang tanduk lan sesrawunganipun, anggenipun yasa gegriya, anggenipun anggulawenthah pun putra-putri momonganipun, ngantos dumugi lampahing raos pangraosipun, sami latah aniru-niru cengkok Amerika. Kamangka tiyang wau gesangipun lan pasrawunganipun ing padintenan inggih kaliyan bangsanipun piyambak, sesangkutaning kaperluwan, betahipun gegriya, bau sukunipun, sandhang tedha, lsp. inggih kaliyan bangsanipun piyambak. Atur kula punika namung mundhut umumipun, boten gebyah uyah. Manawi kedah dipunurut mbaka setunggal mangke nyeratipun tambah nggreweli boten karuwan juntrungipun.

Bangsa ingkang dados awak-awaking kamajengan, punika inggih boten aeng manawi lajeng katuwuhan manah hambedhedheg, rumaos ing sajagad ngalela dhewe. Kabeta saking raos marem wau, tundhonipun gampil sanget angglewang dhateng watak gumunggung. Mangsuli bab kamajengan ing Amerika, sareng sampun pentog, lha kok jebul malah dharedhah, tansah pancabakah kaliyan sok sintena ingkang boten nuruti kekajenganipun. Punika wewatekanipun ingkang saged kasawang saking njawi. Hewadene ingkang kapirsanan saking lebeting praja ngamrik rika, inggih punika gesehipun kawontenan, ingkang sewau bangsa Amerika rumaos bombong manahipun lan remen ngetingal-ngetingalaken watak sarwa-sarwi  jumawa katandhingaken bangsa asanes, sapunika malik mak grembyang.

Sayektosipun, bangsa Amerika manahipun ingkang kala rumiyin seneng gumbira, sapunika santun dados kebak raos melang-melang lan was-was lan boten saged tilem sakeca. Raos bombong sampun ewah dados raos miris, ngrumaosi gesangipun boten tentrem, tansah ngandhut ketir-ketir. Dene ingkang tansah dipunsumelangaken inggih bangsa asanesipun, tanggi-teparonipun, para ingkang kaanggep mengsah bebuyutanipun, malah ugi kalebet dhateng para mitranipun piyambak. Upaminipun, sawanci-wanci saged kauncalaken medal saking pandamelan, sawanci-wanci saged kemawon klilipen pelurune wong edan nyasar, punapa dene serangan teroris, lsp.
Juntrungipun dados bangsa ingkang linglung kaduwung, lajeng damel tingkah polah ingkang sarwa-sarwi aeng saperlu narik kawigatosanipun asanes saperlu kangge anglelipur sakiting borok tatu ing badhanipun piyambak. Undhuh-undhuhanipun, dhedheran politik luar negerinipun piyambak samangke sampun dipunraosaken rakyatipun, malah kapara ambaleber mangetan sami keduman paitipun. Punika sumukipun saking ganda kringetipun Paman Sam, nanging madunipun kita inggih sami kecipratan, malah sak semut irenge pisan. Lho kirang punapa malih?

Sarehning Amerika waunipun tansah dados sesawangan, kamangka sapunika tetela boten gunggungaken, dipunluhuraken dados polisi donya pranyata boten saged nyepeng tetanggelan kawilujenganing ngagesang ing bawana agung, dening jagad tansah genjot, bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap negara cilik megap-megap, dhampar palenggahaning para ngasta pusaraning praja dados moyag-mayig, amila lajeng damel mlengaking jagad.

Yen makaten kedah enggal madosi wonten pundi kalentunipun. Sebab mokal upami boten kalentu, teka ngundhuh woh ingkang pait. Purbawasesa boten nate cidra, boten saged dipunsulayani. Sumangga sapunika dipuntlusur saking wewaton punika. Mangke manawi sampun kacepeng, lajeng kadadosaken ancer-ancering ikhtiyar. Mumpung kita dereng kebablasen, sumangga dipunpenggalih malih.

Bangsa Wetanan punika waunipun inggih sampun nate ngraosaken dados bangsa ingkang minulya lan luhur, wasana mlorot-mlorot sarunge ngantos kesrimpet ambruk. Sapunika badhe tangi, gumregah tata-tata badhe murugi ingkang saweg dados sawangan [Kilenan]. Jebul ingkang badhe dipunpurugi wau pranyata kemprus.
Negari kita piyambak inggih saweg mentas ambruk, sasampunipun sumerab lelampahan wau, lajeng kedah kemutan dhateng lelampahanipun piyambak jaman rumiyin. Punapa ingkang andadosaken Singasari rambute sak untune padha gondronge kana kene seneng cokot-cokotan cakar-cakaran, Majapahit pahite ora umum, Mataram ora bisa dadi *die Mutter* [simbokne thole], Nuswantara sakit watuk pilek kinemulan reribet? Panjenengan tamtu sampun sami midhanget tetembungan ‘De sterken zullen leven, de zwakken zullen omkomen’, ingkang tegesipun sing kuat bakal menang, sing ringkih bakal kleleb.

Kita sami percados unen-unen ingkang ungelipun sinten ingkang andhedher sae, temtu badhe ngundhuh sae, lan kosokwangsulipun. Sampun ngantos kita rumaos kecer anggenipun nyinau bab ingkang katingal sepele punika. Gondhelaning kapitayan batin ingkang ginayuh sarana ngulir luhuring bebuden Jawi piyambak kados sampun boten kopen. Dumugi samangke kita teksih grayah-grayah, tumrap kabudayan teksih ketingal sleyar-sleyor, teksih tolah-toleh mangiwa manengen remen niru-niru. Bebrayanipun tiyang Jawi dereng ketingal maton, dereng ketingal jangkep. Kita dereng wani nggadhahi kekencengan lan dereng nggadhahi tekad ingkang madhep manteb anggenipun nyengkud nengenaken basa lan sastra Jawi. Temtunipun sok sintena kemawon ngertos, kados pundi tiyang kok boten purun ngopeni jiwanipun piyambak, punika kados pundi? Manawi kita saged tansah enget dhateng jati dhiri kita piyambak, punika tamtu boten gampil dipunpaeka dening asanes.

Menggah andharan kula ing inggil punika wau boten pisan-pisan badhe nisihi kalebdanipun para ingkang sampun sami pana dhateng nglemu olah kaprajan, nanging namung mligi awujud sumbangan sapala, kenginga kangge ngregengaken bebrayan Jawi. Sokur bage sewu manawi wonten ingkang kagungan penggalih, bilih pasumbang punika mujudaken satunggaling bab ingkang kenging kangge ubarampening imbal wacana. Wondene leres-kalentunipun pamanggih kula, saestu namung nyumanggakaken dhateng ingkang sami kepareng migatosaken.