Mugi-mugi SABDA BATHARA  dipunparingi umur panjang saha saged ngrembaka mekar mudahi seratan abasa Jawi kacundhukaken kabetahanipun jaman samangke tanpa nilar titilaranipun para leluhur kita ing jaman kina ingkang ngemu aji langgeng. Nanging atur kula punika babarpisan boten badhe kaleregaken dhateng raos nasionalisme ingkang cupet, destun muhung hanetebi jejibahan nglenggahaken saha hanggegesang budaya tuwin sastra Jawi wonten ing wewengkon Bhinneka Tunggal Ika.

Langkung rumiyin keparenga kula ngaturaken pambuka ular-ular menggah makartining ubarampe rasa lan pikir ingkang kadarbe dening manungsa minangka gegebengan kita manawi badhe ngudi dhateng kamajenganipun budaya lan sastra Jawi. Menggahing janma manungsa, inggih pirantos wujud rasa lan pikir punika ingkang dados wigatining wigatos tumrap tiyang gesang bebrayan. Majeng munduripun lampahing kabudhayan punika gumantung saking daya pakartining rasa lan pikir.

Makaten ugi lampahing kabudayan Jawi gagrag enggal, pangothak-athikipun tamtu boten benten kaliyan gesangipun manungsa Jawi piyambak. Kuciwanipun, kabudayan titilaranipun para leluhur kita ing jaman kina sampun kathah ingkang sami boten dipunrewes, nanging ingkang gagrag enggal teksih dereng gatra. Dados manawi kita mawas tatanan kabudayan Jawi samangke teksih kawastanan bolong-bolong kados kaos oblong dipangan orong-orong.

Inggih ing salebeting wekdal suwung punika gampil sanget anggenipun klebetan godha. Kamangka gondhelaning kapitayan batin ingkang ginayuh sarana ngulir luhuring bebuden Jawi piyambak kados sampun boten kopen. Dumugi samangke, kita tiyang Jawi teksih grayah-grayah, teksih tolah-toleh mangiwa manengen remen niru-niru bangsa manca. Lha punapa kawontenan makaten wau kedah dipunumbar kemawon? Prayoginipun kita kedah pinter-pinter nyaring pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon, boten kok naming niru-niru. Anggenipun saged nyaring makaten, tetiyang Jawi kedah sangu dhasar kapribaden ingkang kiyat ing salebeting batosipun. Bebrayanipun tiyang Jawi ing wekdal samangke punika [tumraping kajiwanipun] dereng ketingal maton, dereng ketingal jangkep. Lha sebabipun punapa?

Saderengipun kula ngrembag perkawis punika, keparenga kula ngrembag ngengingi lampahing kabudayan Jawi wiwit jaman kina ngantos dumugi samangke, inggih punika kawontenaning bebrayaning tiyang Jawi ingkang dipun anggep klebet gagrag anyar [modern]. Dados manawi makaten, punika wau ugi gegayutan kaliyan jaman utawi wekdal. Milahaken watesing wekdal antawisipun bebrayan ingkang klebet kina kaliyan ingkang klebet enggal punika raos. Pamangihing saben tiyang tamtu beda-beda. Awit saking punika murih saged nggampilaken lampahing panimbang, ingriki kula badhe mendhet ancer-ancer kanthi wewaton jaman utawi abad, punika kacundhukaken kaliyan lampahing babad.

Kanthi waton makaten, ingkang kula anggep klebet bebrayan Jawi gagrag enggal inggih punika antawisipun jaman 200 tahun kapengker utawi wiwit 2 abad kapengker, dados antawisipun wiwit tahun 1800 ngantos dumugi samangke. Wiwit wekdal punika wau penjajahanipun ndoro tuwan kolonial Walandi saya dipunkencengi lan saya sengkud anggenipun ngreka nglebetaken daya prebawa [pengaruh] bab punapa kemawon supados saged ngewahi kajiwanipun bebrayan Jawi, sageda malih anggadhahi wewatekan kados Walandi. Manawi sampun malih, punika tamtu saya krekat tuwin saya kelet sanget boten purun pisah kaliyan ndoro tuwanipun. Dados Walandi badhe saya saged kenceng anggenipun nguwaosi tiyang Jawi lan boten kanthi rekaos ngedalaken kekiyatan fisik, tiyang Jawi sampun tutut piyambak kadya kutuk marani sunduk. Ngewahi wewatekan tuwin kajiwan makaten ingkang wigatos inggih punika kanthi nglebetaken kabudhayan, umpaminipun kemawon lelantaran basa, kesenian, kagunan, kapinteran, kapitadosan klebet tetepangan agami lan ideologi gegayuhaning ngagesang. Ing salebeting wekdal punika basa Walandi sangsaya dipunwelegaken, makaten ugi kesenian, kagunan, kapinteran, lan sanes-sanesipun.

Rehning ing tahun 1800 punika ing bawana Eropa ugi saweg ngancik jaman enggal, awit saking punika [kanthi lelantaran Walandi] daya prebawa enggal saking tlatah sabrang kilenan wau inggih lajeng katut saged mlebet dhateng tanah Jawi kanthi gampil. Sadaya wau saya dangu saya ngrembaka, tumangkaripun anggening nglebeti jiwanipun bebrayan Jawi saya ngebat-ngebati ngantos wohipun saged kita uningani sesarengan wonten ing bebrayan samangke punika. Tata cara, kasusilan, cara sesrawungan, lampahing pangupa jiwa tuwin sanes-sanesipun saya dangu sangsaya ewah, beda kaliyan nalika jaman saderengipun taun 1800. Supados saged nggampilaken panampi bab waton ingkang kula pendetaken saking jaman wau, ingkang perlu dipununingani inggih punika:

Wiwit jaman Demak. Punika jaman bebrayan nalika Islam saweg nedheng-nedheng ngrembaka.

Wiwit jaman sasampunipun jumenengipun Sultan Agung ing Mataram, inggih punika antawisipun abad 17, kawontenaning bebrayan Islam sangsaya ewah amargi kadhesek daya prebawa bektanipun Walandi.

Wiwit mletheking Perang Donya kaping II watawis taun 1940, daya prebawanipun katingal surem. Sareng Jepang menang perangipun [watawis taun 1942], daya prebawanipun Walandi wonten ing tanah Jawi risak. Wekdal punika dipunwastani jaman Jepang. Bebrayan Jawi gentos dipunsoki daya prebawan saking Jepang. Wondene ancasipun, sejatosipun ugi boten beda kaliyan Walandi, inggih punika murih gampil dipunkuwaosi. Daya prebawa Jepang inggih boten sekedhik ingkang sampun rumesep dhateng jiwanipun bebrayan Jawi, ingkang terang kemawon inggih punika babagan kaprajuritan lan kekendelan.

Wiwit taun 1945, sasampunipun Jepang kawon perangipun, bebrayan Jawi ngancik jaman kamardhikan. Malihing kawontenan ingkang dadakan tuwin wonten ing salebeting mangsa perang punika nuwuhaken ewahing kajiwan [manut kawontenan ing wekdal semanten]. Rehning alelandhesan bab kamardhikan lan kaprajuritan, dados ing wekdal punika wau ingkang nancep inggih daya mardhika tuwin kuwanen lan kekendelan ingkang tanpa wates bebasan rawe-rawe rantas malang-malang putung.

Wiwit taun 1950 ngantos dumugi samangke, santun daya ingkang rumasuk, punika kula wastani daya enggal, inggih punika saya mindhak ngrembakaning pakarti kamardhikan.

Miturut molah-malihing jaman makaten wau, samangke ingkang kula angge waton mawas Jawi gagrag enggal, inggih punika daya prebawa wiwit jaman kina ingkang sampun nglebeti kajiwanipun bebrayan Jawi ngantos dumugi wekdal samangke. Cekak aosipun, amargi saking daya-haya wau bebrayanipun tiyang Jawi ing wekdal samangke punika dereng ketingal maton, dereng ketingal jangkep. Makaten wau ingkang saged dipununingani kaliyan cetha, upaminipun bab negesi kabebasan, sampun terang manawi kekah, tumrap kabudayan teksih ketingal sleyar-sleyor dereng nggadhahi anteb lan tekad. Punika tandhanipun saged katitik saking lampahing kasusastran utawi basa Jawi. Ingatasipun gadhah basa lan sastra ingkang asli lan teksih kalimrah dipunangge nanging boten sami purun micara, malah saweneh wonten ingkang nyirik, nebihi lan nyingkiri. Tiyang Jawi samangke sampun kathah ingkang boten saged cecaturan kanthi lanyah mawi basa Jawi, buku-buku Jawi boten pajeng lan kalawarti abasa Jawi krengkang-krengkang nyambung umuripun.

Kathah ugi ingkang sami ngundamana basa Jawi kaanggep basa feodal, basa Jawi mujudaken pasinaon ingkang paling boten dipunremeni tuwin mbingungaken, malah guru basa Jawi wonten ingkang mucalipun ngangge basa Indonesia. Punapa inggih ta basa Jawi punika klebet ewoning basa feodal? Mangsuli pisambatipun sawatawis tiyang wau, kula namung mesem kecut. Basa Jawi punika genah dede basa feodal, lha ingkang ngundamana basa Jawi punika basa feodal sampun terang trawaca manawi piyambakipun boten mangertos sejatosipun basa Jawi. Pranyatan wau genah mengku karep supados basa Jawi dipunsingkiri. Lha basa punapa kemawon manawi dereng lanyah anggenipun nyinaoni nggih kraosipun awrat. Ingkang nudhuh feodal wau klebet ewoning tiyang ingkang kirang tlaten lan taberi nambahi indhaking kaweruhipun, lajeng ngundamana kanthi alesan mawarni-warni kangge nutupi sipatipun wigah-wigih anggenipun ngudi kawruh, boten purun rekaos, cekak oasipun males.

Basa Jawi gadhah unggah-ungguh, wonten ngoko lan kramanipun, punika mratandhani manawi basa Jawi ngandhut seni lan ajaran adhiluhung, basa Jawi ngandhut ajaran budi pekerti, basa Jawi ngandhut ajaran tatakrami. Sadaya punika trep, jumbuh kaliyan piwulang punapa kemawon, inggih piwulang agami, adat lan sanes-sanesipun. Ingkang enem ngajeni ingkang sepuh, andhahan ngajeni pemimpinipun, murid ngajeni gurunipun, tiyang ingkang dereng wanuh [kenal] ugi sami ajen-ingajenan. Tiyang Jawi boten rumaos asor ngagem basa krama kangge wicantenan kaliyan ingkang langkung sepuh yuswanipun utawi pemimpin, amargi punika sayektosipun mujudaken salah satunggaling sikap kurmat utawi ngajeni. Ngajeni tiyang sanes ateges ngajeni badhanipun piyambak.

Uba rampe kasebat ing ngajeng punika kemawon sampun kenging kangge mawas dhiri bilih kawontenaning kajiwan Jawi samangke punika terang taksih dereng cipta, dereng maton, dereng wani nggadhahi kekencengan lan dereng nggadhahi tekad. Rehning makaten, manawi kawawas saking kathahing dhaya-dgaya prebawa maneka warni ingkang sampun rumaket ing kajiwanipun, kados ingkang sampun kula aturaken ing inggil wau, perlu sanget kita ngreka dhaya sesarengan supados kajiwan kita lajeng saged wangsul jejeg lan jangkep malih kados nalika jaman dereng klebetan dhaya prebawa saking pundi-pundi. Makaten cekakan kawontenaning Jawi gagrag anyar. Ing ngandhap punika kula centhelaken imbal wacana antawisipun Gembluk lan Ki Kenthir:

Gembluk:
Salebetipun kula ngetutaken andharan panjenengan, ingkang perlu kula aturaken; sepisan bab basa lan sastra Jawi. Kala wau panjenengan mratelakaken bilih kawontenan kajiwanipun tiyang Jawi punika kirang jejeg, dereng maton, teksih ketingal sleyar-sleyor, jalaran saking anggenipun kalajeng boten purun ngopeni lan migatosaken basa tuwin sastranipun, inggih punika Carakan. Punika kula dereng ajeng, jalaran basa Jawi punika dereng pepak, saya sastranipun punika terang manawi boten luwes utawi boten praktis. Sampun samesthinipun manawi dipun tilar lan boten perlu dipun openi malih, boten perlu dipunpigunakaken jalaran namung badhe ngreribedi. Kejawi makaten, kajiwan punika jejegipun boten gumantung dhateng bab kasusastran, nanging gumantung dhateng kaluhuraning bebuden. Manawi badhe njejegaken kajiwanipun tiyang Jawi, ingkang perlu boten kedah migatosaken kasusastran Jawi, nanging kedah ngreka daya supados saged luhur bebudenipun. Punika pamanggih kula.

Ki Kenthir:
Anggen kula matur makaten minangka upami, bilih dereng jejeging kajiwan wau amargi saking anggenipun kirang migatosaken budaya lan sastra Jawi, jalaran budaya lan sastra punika saestu dados pratandha pambabaring jiwa. Mila ngantos wonten pangunen-unen: Bahasa menunjukkan bangsa. Manawi sampun saged nylulupi basanipun, tiyang punika badhe kasembadan saged nylulupi jatining bangsa. Tiyang Jawi nggadhahi basa lan sastra piyambak, punika jiwanipun piyambak jalaran basa lan pikir punika nyawiji. Lajeng manawi basa lan sastranipun punika boten dipunopeni, lha punika rak ateges boten ngopeni dhateng jiwanipun piyambak. Temtunipun sok sintena kemawon ngertos, kados pundi tiyang kok boten purun ngopeni jiwanipun piyambak, punika kados pundi? Punapa punika nama leres?

Saya manawi kawawas saking bab kabatosanipun, punika lajeng ketingal anggenipun kirang prayogi sanget. Sanadyan boten wonten luputipun migunakaken budaya lan sastra bangsa  sanes, nanging gadhahanipun piyambak inggih wajib dipunuri-uri lan dipundadosaken baku. Tumrap wawasan, manawi budaya lan sastra Jawi boten praktis, punika inggih boten maton, jalaran terang, upaminipun kemawon, panjenengan piyambak tamtu badhe langkung sekeca lan langkung lebet punapa dene manteb lan marem manawi migunakaken basanipun piyambak. Rak inggih makaten ta?

Gembluk:
Inggih Ki.

Ki Kenthir:
Lha salajengipun, raos ingkang kados ngaten wau terang bilih basa Jawi punika jiwanipun, inggih jiwa kula jiwa panjenengan.

Gembluk:
Inggih, samangke kula sampun plong lan marem nampi katrangan panjenengan punika. Anu Ki, kala wau panjenengan mratelakaken bilih dhaya prebawa pinten-pinten saking sanes nagari, ingkang sampu kelet lan kraket ing jiwanipun bebrayan Jawi punika ugi andadosaken jalaraning boten jejegipun kajiwan, punika kula boten cocog. Kula nggadhahi pamanggih sanes. Sadaya kemawon tumrap bab-bab ingkang saking sanes negari ingkang mlebet dhateng tanah Jawi lan rumesep ing balung sungsum, punika malah saya mewahi ndadosaken santosa lan ndadosaken saya jejegipun kajiwan Jawi. Jalaran sadaya wau apesipun saged ngindhakaken kawruh, kapinteran tuwin sanes-sanesipun ingkang salajengipun badhe saya langkung mikantuki dhateng kawontenan sarta panggesanganipun tiyang Jawi. Dados kula nggadhahi pamanggih, sangsaya kathah bab-bab saking sanes negari ingkang mlebet dhateng tanah Jawi, punika saya badhe nyangling jiwanipun bebrayan Jawi, temahan badhe sangsaya katingal anja.

Ki Kenthir:
Manawi kawawas saklebatan katrangan panjenengan wau pancen badhe saya mikantuki. Nanging manawi dipunpenggalih ingkang saestu, punika teksih mbetahaken panimbang malih. Cobi kaparenga ngemataken punapa wigatosipun dene negari-negari sanes punika sami tansah ngesokaken daya prebawanipun dhateng tanah kita ngriki? Manawi saking wawasan kula, makaten wau boten sanes inggih supados tetiyang Jawi punika sageda dados korban daya prebawanipun, satemah manawi sampun rumesep, punika ing tembe badhe gampil dipunenggak-enggokaken.

Kanthi makaten wau, botena njajah kalayan panguwaos, inggih sageda njajah namung kalayan migunakaken daya prebawaning kabudayanipun kemawon. Manawi reka daya wau sampun saged kaleksanan, punika tamtu badhe mbibrahaken gadhahan kita piyambak. Bibrahing gadhahan kita piyambak ateges badhe gampil mbibrahaken raosing kabangsan. Bibrahing raos kabangsan saestu badhe gampil mbibrahaken raos manunggal, raos rumaket, raos gotong royong, utawi raos persatuan. Gampil dipun pisah pisah kanthi migunakaken cara alus. Manawi sampun makaten tegesipun kabangsan kita lajeng gampil ringkihipun, gampil kangge dolanan praja-praja sanes. Rak inggih makaten ta?

Gembluk:
Anu Ki, sanadyan katrangan panjenengan punika sampun gamblang, nanging kula meksa dereng ajeng manawi dereng panjenengan sukani bukti. Jalaran makaten: sanadyan kita korban punapa kemawon saking sanes negari, nanging manawi kita saged tansah enget dhateng kabudhayan kita piyambak, punika tamtu boten badhe saged kesupen dhateng raos kabangsanipun lan boten gampil dipun paeka dening sanes.

Ki Kenthir:
Pancen kasinggihan, nanging makaten punika manawi tansah saged enget lan tansah saged mindeng kanthi tliti saestu. Mangka nyatanipun boten makaten, janji tiyang sampun klebetan dhaya prebawa kabudhayan sanes, punika limrahipun boten kraos ewahing raosipun. Manawi kabudhayan sanes wau tansah lumintu anggenipun mlebet, punika tamtu saya meka, saya njiwa. Langkung- langkung manawi anggenipun klebetan wau saya wiwit alit. Punika tamtu saya hebat anggenipun kelet lan boten ngrumaosi manawi punika sanes gadhahanipun.

Pakulinan manawi sampun owah dados wewatekan punika awrat sanget sagedipun dipun bangsulaken malih kados wingi uni. Tuladha, cobi keparenga naliti kawontenan samangke, upaminipun kathah sanget ingkang kagliwang dhateng kesenian manca, ngantos kula asring mireng reraosan: Klenengan ki kuna, kampungan, cocoge mung kanggo wong tuwa-tuwa, saben ndina kok pijer krungu klenengan.

Makaten wau nelakaken anggenipun sampun boten ngaosi dhateng asiling pakarti saking kabangsanipun piyambak. Apesipun kenging dipunwastani sampun boten purun ngrewes. Kosokwangsulipun, anggenipun boten nate nacad lan boten purun nyariyosaken bilih kesenian manca punika kuna cocoge mung kanggo wong tuwa-tuwa. Lan malah inggih kesenian sabrang kilenan wau ingkang tansah kumanthil wonten ing manahipun, punika kenging kangge bukti, bilih punika nama kasengsem, klebetan dhaya prebawa, terang manawi boten kraos.

Sepele-sepelenan kemawon, apesipun ingkang njalari ndadosaken kauntungan negari sanes anggenipun nyade barang-barangipun sangsaya laris. Dados apesipun sampun saged angsal kauntungan bandha ingkang boten sakedhik, punika saweg alit-alitan. Ingkang langkung ageng malih, moril kita punika kajajah boten kraos. Wohipun, manawi boten enget, badhe mbebayani sanget tumrap adeging kabangsan kita piyambak. Dados terang, manawi badhe ngreka daya sagedipun tansah waskitha, enget, lan kraos tumrap nanggapi mlebetipun daya prebawaning punapa kemawon saking manca negari, punika genah rekaos sanget, limrahipun boten saged. Makaten wau saweg sak bab kemawon, sanesipun kathah sanget.

Gembluk:
Inggih, samangke sampun kathah cocogipun. Namung kemawon sanadyan makatena, kula teksih gadhah pamanggih: Manawi bangsa kita saya mindhak pinter, tamtunipun ugi badhe sangsaya wasis anggenipun ngekahi kabudayan kita piyambak, lan gampil anggenipun nulak daya prebawa sanes.

Ki Kenthir:
Sajakipun pancen makaten. Nanging kauningana, daya prebawa punika sipatipun alus, manjingipun dhateng raos. Manawi sampun ngethel, mangke tamtu kelet dados wewatekan, dados naluri. Medalipun boten kraos, punika rumaos gadhahanipun piyambak. Tuladha ingkang gampil ugi wonten. Upaminipun: para pemusik Indonesia punika angsalipun bahan sadaya saking kilenan. Nitik wekdal mbabaripun ngantos dumugi samangke, ingkang kula yektosi seprika ngantos dumugi sepriki, wohing aransemenipun kathah dhoyongipun dhateng raos kilenan. Cobi kula aturi ngemataken siaran-siaran radio saking pinten-pinten pemancar mangke rak saged nglimbang, awis ingkang asipat mengku raos wetanan.

Saking nanceping raos ingkang boten kraos wau, kathah ingkang lajeng boten purun gepok senggol babar pisan, tuwin nyirik lan nebihi tembang-tembang Jawi. Makaten punika kedadosanipun kanthi boten rumaos utawi boten dipun njarag. Dene ingkang makaten wau ugi sanes golonganing tiyang cubluk, nanging klebet para sarjana sujana, klebet tiyang pinter. Dados bab kapinteran punika boten kenging dipu agul-agulaken. Lajeng kados pundi anggenipun nyegati badhe migunakaken sarana punapa malih?

Gembluk:
Wah, pancen inggih repot kok. Manawi makaten kula nggadhahi pamanggih enggal.

Ki Kenthir:
Punapa?

Gembluk:
Manawi pamarentah kepareng nyaring lebeting barang-barang kabudayan saking sanes negari, mbokmanawi kemawon badhe saged dados pitulungan ageng. Jalaran manawi namung saking reka dayanipun rakyat piyambak kemawon, kinten kula badhe rekaos sanget saged kaleksanan. Kadosta upaminipun kemawon, lebetipun majalah-majalah manca, film-film manca, kaset, VCD tuwin sanes-sanesipun, punika klebet bahan ingkang wigatos.

Ki Kenthir:
Makaten wau kula ugi ndherek sanget. Nanging mlebetipun barang-barang impor wau inggih nguntungaken konsumen piyambak saking langkung kathah macemipun barang lan reginipun. Dados konsumen saged milih-milih lan milah-milah pundi ingkang nyocogi seleranipun tuwin kanthongipun. Kathahipun barang-barang mlebet sakinjg mancanegari punika inggih saged nuwuhaken daya pangripta [kreativitas] enggal lan saya mindhakipun mutu anggenipun ngladosi para pangguna. Ingkang langkung wigatos punika inggih tuwuhing pangertosan utawi kasadharanipun kita sadaya, klebet ingkang sami ngasta pusaraning praja, bilih gadhah jejibahan lan kedah enggal nyengkud anggenipun nengenaken kabudayan Jawi, jalaran manawi tanpa dipun kanteni tangining raos pangertos wau, inggih kasadharan wau, punika boten badhe gampil kadumugenipun.

Gembluk:
Inggih sami dipun pepuji kemawon, mugi sageda kabul anggen kita manah lan ngleksanani mbangun tuwin njejegaken adeging jiwanipun bebrayan Jawi lan kabangsan kita.